Sabtu, 15 November 2008

RECA DWARAPALA JAMAN MAJAPAHIT DITEMOKAKE

Reca loro awangun Dwarapala kang dinuga peninggalan jaman karajaan Majapahit ditemokake dening Mukeni,warga Dhukuh Ronggangan, Desa Kendalbulur, Kecamatan Boyolangu,Tulungagung.Saka reca cacah loro iku lagi siji sing kasil diangkat saka njero lemah,dene sijine maneh isih kependhem.Kanggo sauntara reca kasebut dipanggonake ing omahe Mukeni lan jinaga rapet.
Manut Mukeni, Minggu (19/3) kepurung dheweke nizat ngratakake lemah ing tegale. Rikala lagi nengah-nengahi macul dumadakan pacule natap barang atos saemper watu padhas. Krana penasaran, Mukeni banjur ndhudhuk watu kang pranyata awujud reca. Kepala Bagian Purbakala Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Pemkab Tulungagung, Hari Agustono ngandharake, reca loro iku di kira-kira klebu penggalan jaman Majapahit. Manut Hari, ing Kecamatan Boyolangu asring ditemokake reca-reca kuna jalaran ing kono ana Chandi Gayatri kang uga diyakini minangka tinggalane Majapahit.***
Comments
0 Comments

0 komentar:

Posting Komentar